Blogger news

안녕하세요...........
RSS

contoh pidato bahasa jawa (Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW)

Assalamu'alaikum Wr.wb
        Dumateng Bapak Pangarsa Pawiyatan ingkang dhahat kinurmatan, bapak/ibu guru ingkang kula urmati, ustadz Drs. H. Abdullah ingkang dhahat kinabekten saha para siswa ingkang bagya mulya.
Sumangga kita ngaturaken raos puja/puji syukur wonten ing ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun maringi kita mapinten-pinten rahmat, taufiq, hidayah saha inayahipun dumateng kita sedaya sehingga wonten ing siang punika kita saget makempal wonten ing mriki kanthi mboten wonten halangan satunggal punopo.
shalawat saha salam mugi-mugi kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW ingkang mbeta umatipun saking zaman jahiliah tumuju zaman islamiah ingkang kita raosaken sakmenika, saha ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul kiyamah , amin.
         Para Bapak/Ibu ingkang dhahat kinabekten . Kula ing jinejer pinangka pranatacara , keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia, nun inggih :
1. Acara ingkang sepisan pambuka,
2. Kalajengaken adicara ingkang nomer kalih inggih menika kalam ilahi
3. Dene acara kaping tiga sambutan saking bapak kepala sekolah
4. Wondene adicara ingkang nomer sekawan , acara inti, inggih menika pangaosan ingkang dipunsurirani panjenenganipun Ustadz Drs. H. Abdullah saking Sleman
5. Salajengipun acara panutup.
          Para Bapak/Ibu ingkang satuhu kinurmatan, saha para siswa ingkang bagya mulya. Mekaten menggah urut reroncening adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW, ingkang badhe lumampah ing siang punika. Acara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumangga acara ing siang punika kita awiti kanthi maos basmallah sesarenggan, sumangga.
...................................................... waosan basmallah.......................................................................
Kanthi waosan basmallah sesarengan mugi ndadosaken rancaking adicara siang punika. Acara kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat suci al-qur'an, pramila dumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal saha papan kula kaaturaken, sumangga.
................................................waosan ayat-ayat suci al-qur'an........................................................
Mugi-mugi kanthi waosan ayat-ayat suci al-qur'an kalawau , Allah tansah paring lubering kanugrahan dumateng kula saha panjenengan sedaya.
       Para Bapak/Ibu saha para siswa ingkang bagya mulya, menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking Bapak kepala sekolah. dumateng Bapak Sulistyana, M.Pd, wekdal saha papan kula aturaken.
.............................................................pangandikan Bapak kepala sekolah..........................................
Tumapak acara inti, inggih menika pangaosan dumateng Ustadz Drs. H.Abdullah kasuwun paring fatwanipun. Dumateng Ustadz Drs. H. Abdullah wekdal saha papan kula aturaken.
.........................................................pangandikan ustadz Drs. H. Abdullah...........................................
Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandaraken dening Ustadz Drs. H Abdullah saget migunani tumrap kula saha panjenengan sedaya.
          Para Bapak/Ibu ingkang kula urmati saha para siswa ingkang kula tresnani. Acara setunggal dumugi sekawan sampun lumampah kanthi lancar, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup, nanging sakderengipun adicara kita tutup bok bilih anggen kula matur katah lepat saha kekiranganipun kula nyuwun agunging samudra pangaksama. Sumangga adicara ing siang punika kita tutup kanthi maos hamdallah sesarengan.
Kupat duduhe santen, menawi lepat kula nyuwun pangapunten. cekap semanten adicara ing siang punika, sugeng kondur mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Billahitaufiq walhidayah
Wassalamu'alaikum Wr.Wb

 inilah contoh pidato dalam bahasa jawa yang dapat saya berikan jika banyak salah kata mohon dimaafkan karna saya sadar sebagai manusia yang masih banyak kekurangan dan kelemahan karna kesempurnaan hanya mutlak milik allah, betul apa betul heheeheh.....
 semoga pidato dari saya ini dapat bermanfaat sebagaimana mestinya. sekian dari saya wassalamu'alaikum :D

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar