Kirab Budaya
Kaping 17
ing Imogiri
Sugeng enjing para pamiarsa.
Kepanggihan malih kalian kula Darul Nurjanah wonten ing Pawartas Basa Jawa
wonten ing TVRI Jogja. Pawartas ingkang badhe kula waosaken inggih punika
babakan “Kirab Budaya Kaping 17 ing Imogiri”. Sumangga kita semak pawartas
menika.
Dereng dangu punika wonten ing tlatah Bantul, tepatipun wonten ing
kecamatan Imogiri dipun wonteni Kirab Budaya utawi ingkang dipunmangertosi
masyarakat kanthi wasta “Kirab Siwur”. Kirab Budaya punika dipunwonteni ing
dinten Kamis (22/10/2015) ingkang dipunwonteni saben setunggal taun sepisan
utawi tepatipun wonten ing wulan sura. Kirab Budaya punika diwiwiti saking
terminal anyar imogiri dumugi terminal pajimatan, ingkang dipun wiwiti kirang
langkung jam 15.00 WIB. Acara kirab kesebat dipuntumuti dening Bregodo
Kelurahan lan lurah se-kecamatan imogiri, Abdi dalem Kabupaten Puroloyo Imogiri
lan ugi taksih kathah malih. Bregodo-bregodo kalurahan ugi ngasta gunungan
ingkang wujudipun tuwuhan utawi hasil panen. Kirab Budaya ingkang dipun ritual
ingkang dipun wontenaken dening 2 kraton, yaiku Kasunanan Surakarta Hadiningrat
lan Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, yaiku nguras enceh utawa nguras kong
lan ugi kirab siwur (gayung).
Syndi (16) ingkang ndherek kirab siwur wonten ing Imogiri ugi matur
menawi kirab punika diwontenaken dening FORCIBB (Forum Cinta Budaya Bangsa).
Kirab Budaya punika ngrupikaken kagiyatan ingkang saged ndadosaken hiburan
masyarakat, mawi wonten benten ugi saged dadosaken tuntunan.
Mekaten mau pawartas ingkang sampun
kula waosaken, mugi mugi saget nambah kawruh kita sedaya. Cekap semanten anggen
kula matur sugeng enjing lan sugeng makarya mugi mugi tansah rahayu ingkang
sami pinanggih.
0 komentar:
Posting Komentar