CARIYOS PENGALAMAN
01.54 |
Label:
bahasa jawa
Pengalaman yaiku prastawa ingkang sampun nate kadadosan.
Ciri-cirinipun :
1. Basanipun prasaja
lan cetha
2.
Tembung-tembungipun gampil dipunmangertosi
3. Anggenipun
cariyos dipunkantheni solah bawa lan polatan mimik
4. Obahing salira
lan pasuryan (rai) kedah luwes
5. Wirasa
dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos (muntah, seneng, sereng, lucu, sedih)
Sakmenika contoh cariyos pengalaman
ingkang sampun nate kadadosan kalian kula. Sumangga kita semak sesarengan.
Anget- Anget
Pateng Clekit
Nalika kuwi aku iseh
TK, umurku kira-kira iseh 6 taun. Esuk kuwi sekitar jam 5.30 aku iseh turu ing
kamar. Biasane jam semono aku uwis tangi ning kebon golek linjo, nanging dina
kuwi aku malah iseh turu ning kamar ngeloni guling. Isuk masku uwes tangi sipek
ngejak aku nggolek linjo ing latar ngarep omah nanging aku gemang merga isuk
kuwi aku ngrasa iseh ngantuk banget. Mbasan kuwi let sedela aku ngrasa peturon
sing tak nggo turu dadi mosah masih ra karuan, ning ati pateng wedi karo baten
arep ana apa dina iki kok peturonku dadi kaya ngene, aku sing lagi turu mau
dadi nggulang-ngguling tiba ning ngisor amben mlebu sor longan. Ning kuping
pateng krungu sero wong-wong kang pateng jlerit bengak-bengok ugi ana sing
nangis, jebul wayah kuwi aku lagi sadar menawa ing dina kuwi ana lindu. Wektu
kuwi aku ijeh wae ngglundang-ngglunding ing ngisor amben, dumadakan bapakku
nggendong aku metu saka kamar bar kuwi tembok ing kamarku lagi ambruk.”syukur
alhamdulillah”, ing batenku. Suwara pateng jlerit mau iseh krungu ning kupingku
, wong-wong padha mlayu dewe-dewe pateng slebar nyametke awake dewe tanpa
kelingan anak, putu, lan kewan ingonane ugi ing wayah kuwi ana kabar menawa
arep ana tsunami, wong-wong tambah bingung nganti kaya beras ditapeni. Aku lan
keluargaku banjur cepet-cepet lunga ninggalke papan kuwi lan nggolek
papan sing luwih
duwur ben ora kena tsunami. Jebul ing tengah dalan aku dicegat karo
bapak-bapak, lan bapak-bapake mau ngendika menawi berita kemau ora bener kuwi
mau isu kuwi mau mung akal-akale uwong supaya wong-wong digawe bingung banjur
ninggalke omahe banjur sing gawe isu mau iso mlebu ning omah kang wes suwung
lan banjur iso njupuk barang-barang sing berharga. Banjur aku lan keluargaku
rasida lunga nanging aku lan keluargaku bali mulih nileki keadaan ngomah lan
beres-beres alat-alat kang iseh iso digunaake meneh lan ugi nggoleki klambi
kang iseh keneng di nggo meneh. Wayah wes arep wengi, banjur aku lan keluargaku
ndang gawe iyup-iyup kanggo turu wengi
mengko, nanging aku lan mamakku wengi kuwi turu ning nggone simbah ning duwur
kandang sapi kang ora ambruk lan amor karo dedamenan. Nalika kuwi ora ana kemul
amarga kemule padha kembrukan bangunan dadi wes ora iso digunaake meneh nanging
nalika wengi kuwi kemule mung nganggo damen sing ana ing duwur kandang sapi
mau, dadi ing wayah wengi iku aku mung kemulan nganggo dedamenan. Isuke ning
awak dadi krasa gatel-gatel merga keneng lamene damen mau. Amboko le turu mung
nganggo damen lan ing duwur kandang sapi, nanging tetep krasa anget lan ugi
tetep waspada menawa sak ayah-ayah ana gempa susulan.
Sakmenika cariyos
pangalaman ingkang nate kadadosan kalian kula,mugi-mugi saget nambah kawruh
kita sedaya, cekap semanten lan matur nuwun................ ^-^
Langganan:
Posting Komentar (Atom)






0 komentar:
Posting Komentar