Wulan Sakral
(Wulan Sura)
Kathah piyantun ingkang gadhah kayakinan menawi wulan
Sura menika dados wulan ingkang dipun sakralaken utawi wulan ingkang gadhah
perbawa, ingkang linuwih tinimbang wulan sanesipun. Wonten mapinten pinten
perkawis ingkang mboten saget dipunlampahi utawi dipunterjang wonten ing wulan
sura punika, khususipun kagem masyarakat jawi, antawisipun :
- Kagem acara
supitan
- Kagem acara
pernikahan
- Lan syukuran
sanes-sanesipun
Wonten ing malam 1 sura tepatipun tanggal 12 oktober 2015 ugi dipun wontenaken
acara-acara, antawisipun pawungon lan acara tumpengan. Wonten ugi ingkang
mlampah ngubengi beteng kraton kanthi mboten dipunparengaken wicara utawi wawan
pangandhikan kalian rencangipun (tradisi tapa bisu mubeng benteng). Wonten ing
tanggal 10 sura ugi diwontenaken acara panjamasan yaiku nyuci senjata pusaka
kraton lan ugi pusaka masyarakat ingkang kagungan. Wonten ing kraton ugi
diwontenaken acara nguras genthong utawi nguras kong ingkang papanipun wonten
ing makam suci pajimatan imogiri. Masyarakat ugi kathah ingkang nderek
amreksani acara nguras kong , lan masyarakat sami mbeta gendul kagem nyuwun
toya, amergi masyarakat gadhah keyakinan menawi toya suwau saget ndamel jampi
utawi obat ingkang saget mantonaken sakakehing penyakit utawi lelara
Ing wulan sura ugi dipunwonteni acara ruwatan
antawisipun anak utawi bocah ontang-anting (putra/putri tunggal), kedono-kedini
(sepasang putra-putri), sendang kapit pancuran (satu putra diapit dua putri).
Ruwatan inggih punika damel seslametan lan uba rampe kagem slametan. Supados lare-lare
suwau tebeh saking godha rencana lan rubeda ugi kacitrakan ing panyuwun lan
pangajab, kanthi dipunwonteni ruwatan, lare suwau saget gesang kanthi slamet.
0 komentar:
Posting Komentar