Blogger news

안녕하세요...........
RSS

Unggah-Ungguh

 Unggah-Ungguh Basa

1. Wayah sore kepetuk bapak guru ing toko alat tulis
Kula : Sugeng sonten Pak, Badhe mundhut menopo pak ?
Bp. Guru : Oalah iki aku arep tuku buku glatik kanggo ujian praktik sesuk.
Kula : Nggeh sampun kula lajengan rumiyen nggeh Pak, kula badhe wangsul rumiyen.
Bp. Guru : Yo, yo nak ati-ati ya.

2.Nalika ketemu kanca SD kang saiki beda sekolahe
Dara : Yas, kepiye kabarmu saiki ? kok le sue ratau ngetok ?
Tyas : apik kok Ra, iyo je ra lha akhir-akhir iki kakean tugas dadi raiso mampir ning nggon mu meneh.
Dara : Emange saiki le sekolah ning ngendi ,Yas ?
Tyas : ning SMK Budi Pekerti
Dara : Owalah apik kwi, yawis ya yas, aku selak arep tuku gula ndak selak ditengga bapak.
Tyas :ya, ya ati-ati

3. Dina Minggu esuk Bu Darti liwat ngarep omahmu lan kowe lagi nyapu latar
Kula : Bu, badhe tindak pundi ?
Bu Darti : iki arep menyang warung tuku janganan
Kula : njih mangga bu

4. Nalika ana ing kantor guru arep goleki mejane Pak Radi
Kula :nuwun sewu bu, mejanipun Pak Radi ingkang pundi nggih ?
Bu Wati : kuwi ngarep dewe nomer 3 saka wetan
kula : nggih matur suwun Bu

5. Nalika kowe sak rombongan niliki kancamu sing lara . Ibune aroh-aroh (ngaturi sugeng)
Rombongan :Kulanuwun
Ibu : Nggih mangga-mangga, sinten nggih ?
Kula : Kula bu rencangipun Aldi
Ibu : Oalah, kene nak mlebu kene sipek, Aldi lagi istirahat ning kamar je. Nak pada slamet ta ?
Kula : Nggih pengestunipun ibu pinanggih wilujeng. Kados pundi kabaripun Aldi, sakit menapa ?
Ibu : wo yo mung demam biasa, sajake mung kesayahan kurang le istirahat

6. Kepriye anggonmu pamit sak rombongan sakwise niliki wong loro ?
Kula :Nggih matur kalian ibu lan mas Aldi sekeluarga, kula lan kanca-kanca badhe nyuwun pamit. Mugi-mugi inggal diparingi kasarasan kalih Gusti Ingkang Maha Kuasa lan saget mlampah sekolah malih.
Ibu :Ya, matur nuwun nak, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kuasa ngijabahi
Rombongan : aminn

7. Ning sekolahan kuncimu ilang, kepriye anggonmu tekon marang Pak Kebon ?
Kula : Nuwun sewu pak, badhe nyuwun pirsa, menapa bapak mangertos kunci sepeda kula ingkang dawah ?
Pak Kebon : O iya nduk iki tak rawati, sesuk meneh ngati-ati ya !
Kula : Inggih, matur nuwun ngiih pak .

8. Nalika kowe dolan, Ibune kancamu ngekon kowe maem, kepriye aturmu
Kula : Matur suwun Bu, mboten sah repot-repot
Ibu :rapopo nak byasa wae dianggep kaya omahe dewe

9. Kepiye Anggonmu aroh-aroh nalika liwat ning sak ngarepe wong lungguh
Kula : mangga Pak/Bu , nderek langkung
Bpk/Ibu : ya nak

10  Kowe arep balekke buku ning bu guru
Kula : Bu kula badhe bangsulaken buku ibu ingkang ketilar wonten ing meja kelas
Ibu Guru : ya nuwun nggih nduk .

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar