Geguritan Ngarit
01.37 |
Kanthi lampah mantep kang dasari ati
Saben esuk kudu wis tangi
Krungu jago kluruk kang mbrebeki
Lan ributing cempe kang nggugah ati
Age-age
pagawean ndang ditandangi
Nggawa arit
dinggo ngeriti teki
Ora peduli
panase srengenge iki
Sing penting
cempe lan sapi ndang dipakani
Panasing surya tanpa rinasa
Kesel... Sayah... ing
raga
Nyata ora krasa
Mbujung butuh kang nyata
Sliramu ora
bakal bali
Sakdurunge
suket ngebai liri
Amarga wis
dianti-anti sapi
Kang nunggu
anggonmu bali
Nalika sliramu makani sapi
Sinambi donga ana ing ati
Duh Gusti....
Muga sapi lan cempe iki dadi rejeki
Supaya anak bojo bisa kacukupi
Langganan:
Posting Komentar (Atom)






0 komentar:
Posting Komentar